Lirik lagu - Wahyu kidung kolosebo


 Lirik lagu


       Rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro

Kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro...

Senadyan setan gentayangan, tansah gawe rubeda

Hinggo pupusing jaman...


Hameteg ingsun nyirep geni wiso murko

Maper hardening ponco, saben ulesing netro...

Linambaran sih kawelasan, ingkang paring kamulyan

Sang Hyang Jati Pengeran...


Jiwanggo kalbu, samudro pepuntoning laku

Tumuju dateng Gusti, Dzat Kang Amurbo Dumadi

Manunggaling kawulo Gusti, krenteg ati bakal dumadi

Mukti ingsun tanpo piranti...


Sumebyar ing sukmo madu sarining perwito

Maneko warno prodo, mbangun projo sampurno

Sengkolo tido mukso, kolobendu nyoto sirno

Tyasing roso mardiko...


Mugiyo den sedyo pusoko Kalimosodo

Yekti dadi mustiko, sa'jeroning jiwo rogo

Bejo mulyo waskito, digdoyo bowo leksono

Byar manjing sigro-sigro...


Ampuh sepuh wutuh, tan keno iso paneluh

Gagah bungah sumringah, ndadar ing wayah-wayah


Satriyo toto sembodo, Wirotomo katon sewu kartiko

Kataman wahyu Kolosebo

Memuji ingsun kanthi suwito linuhung


Segoro gondo arum, suh rep dupo kumelun

Tinulah niat ingsun, hangidung sabdo kang luhur

Titahing Sang Hyang Agung


Rembesing tresno, tondo luhing netro roso

Roso rasaning ati, kadyo tirto kang suci

Kawistoro jopo montro, kondang dadi pepadang

Palilahing Sang Hyang Wenang


Nowo dewo jawoto, tali santiko bawono

Prasido sidhikoro, ing sasono asmoroloyo

Sri Narendro Kolosebo, winisudo ing gegono

Datan gingsir sewu warso

Postingan populer dari blog ini

Lirik lagu BOJO KETIKUNG voc: via vallen.

lirik SETYO TUHU ~tembang/langgam campursari indonesia

lirik lagu "kutut manggung"